|
WEJANGAN SUNAN KALIJAGA
Wejangan Kanjeng Sunan Kalijogo marang Kyai Ageng Bayat Semarang (Sekar
Macapat – kanthi Tembang Dandang Gulo).
Urip iku neng ndonya tan lami.
Umpamane jebeng menyang pasar.
Tan langgeng neng pasar bae.
Tan wurung nuli mantuk.
Mring wismane sangkane uni.
Ing mengko aja samar.
Sangkan paranipun.
Ing mengko podo weruha.
Yen asale sangkan paran duk ing nguni.
Aja nganti kesasar.
Yen kongsiho sasar jeroning pati.
Dadya tiwas uripe kesasar.
Tanpa pencokan sukmane.
Separan-paran nglangut.
Kadya mega katut ing angin.
Wekasan dadi udan.
Mulih marang banyu.
Dadi bali muting wadag.
Ing wajibe sukma tan kena ing pati
Langgeng donya akherat.
MANUNGGALING KAWULO LAN GUSTI
Berikut sebagian dari artikel Kejawen yang berjudul : Menggapai Wahyu
Dyatmiko karya Ki Sondang Mandali untuk menambah pengetahuan kita.
Dalam ajaran Kejawen ada istilah “Manunggaling Kawula Gusti”. Hal ini sering
diartikan bahwa menyatunya manusia (kawula) dengan Tuhan (Gusti). Anggapan
bahwa Gusti sebagai personifikasi Tuhan kurang tepat. Gusti (Pangeran,
Ingsun) yang dimaksud adalah personifikasi dari Dzat Urip (Kesejatian Hidup),
derivate (emanasi, pancaran, tajali) Tuhan.
Hal ini bisa dilihat dari “Wirid 8 Pangkat Kejawen”:
Wejangan panetepan santosaning pangandel, yaiku bubuka-ning kawruh
manunggaling kawula-gusti sing amangsit pikukuh anggone bisa angandel (yakin)
menawa urip pribadi kayektene rinasuk dening dzate Pangeran (Dzat Urip,
Sejating Urip). Pangeran iku ya jumenenge urip kita pribadi sing sejati.
Roroning atunggal, sing sinebut ya sing anebut. Dene pangertene utusan iku
cahya kita pribadi, karana cahya kita iku dadi panengeraning Pageran. Dununge
mangkene : “Sayekti temen kabeh tumeka marang sira utusaning Pangeran metu
saka awakira, mungguh utusan iku nyembadani barang saciptanira, yen angandel
yekti antuk sih pangapuraning Pangeran”. Menawa bisa nampa pituduh sing
mangkene diarah awas ing panggalih, ya urip kita pribadi iki jumenenging
nugraha lan kanugrahan. Nugraha iku gusti, kanugrahan iku kawula. Tunggaal
tanpa wangenan ana ing badan kita pribadi.
Terjemahannya:
Ajaran pemantapan keyakinan, yaitu pembukanya kawruh (ilmu) “Manunggaling
Kawula Gusti” yang memberikan wangsit (petunjuk) keteguhan untuk bisa yakin
bahwa hidup kita pribadi sesungguhnya dirasuki Dzatnya Pangeran Pangeran
(Dzat Urip, Sejatining Urip). Pangeran itu bertahtanya pada hidup kita yang
sejati. Dwitunggal (roroning atunggal) yang disebut dan yang menyebut.
Sedangkan pengertian utusan itu cahaya hidup kita pribadi, karena cahaya
hidup kita itu menjadi pertanda adanya Pangeran. Maksudnya : “Sesungguhnya
nyata semua datang kepada kamu utusan Pangeran (memancar) keluar dari dirimu
sendiri. Sebenarnya utusan itu mencukupi semua yang kamu inginkan, kalau
percaya pasti mendapatkan pengampunan dari Pangeran”. Bila bisa menerima
petunjuk yang seperti ini supaya awas dan hati-hati, ya hidup kita ini
bertahtanya nugraha dan anugrah. Nugraha itu gusti (tuan) sedang anugrah itu
kawula (abdi). Bersatu tanpa batas pemisah dalam badan kita sendiri.
Diposting oleh Mistikus Cinta
|
Sumber: http://www.wonosari.com
Tidak ada komentar:
Posting Komentar